Mawar kuning dudu kembangku, kapan wae meruhi kembang mawar kuning tansah ngelingake aku marang esemmu, marang soroting netramu sing kebak angen angen, pranyata tekan saiki aku isih nuduhake menawa pengarepku ngenteni awakmu, muktine awakmu dadi gembiraning atiku, sanadyan kuwi dadi tangis ono ing atiku saklawase,sanadyan kabeh mau tangeh lamun bisa kasembadan urip bebarengan karo awakmu.Tak eling eling surasamu sing pahit saksuwening uripku: Mawar Kuning Dudu Kembangku
Minggu, 25 Agustus 2013
Ing Riyoyo kang muspro 2013
Wis pirang tahun tak lakoni, nanging kudu isih sabar nerimo , napak tilas malem i'tikaf kang nentremake ati, koyo koyo aku weruh awakmu ing masjidku , tak sangga tak trima mergo aku ngerti kabeh ki takdir sing kudu tak lakoni, nyuwun pangapuro kangmas, ketoke nek kudu nglalekake awakmu , dalem mboten saged.
Selasa, 25 Juni 2013
Nyutran , Mesjid Al Jihad, tarweh bareng awakmu !
Kepengin banget aku nglalekake , caramu ngajak aku nang mesjid nek poso tarweh karo subuhan , caramu ngguyu, roso asihmu , sakabehe, kepengin aku nglalekake, ning aku ra iso, ketoke saklawase urip, anane ming gela, opo meneh nek arep poso ngene ki, Mas, tenane , Nyutran isih tansah ngawe aku, nekani awakmu sing wis ora ono neng ngomahmu, trus piye aku arep ketemu sliramu.
Minggu, 26 Mei 2013
Senin, 28 Januari 2013
Minggu, 29 April 2012
Nyutran lan Bantul
Sing kelingan mesthi yo ming awakmu mas!, sopo sing isih ngeling-eling aku, mesti yo ming awakmu to mas?
Senin, 23 April 2012
Mestine mbiyen aku luwih wani! antaraning SPG Taman Siswa
Uripku ming kanggo anakku, uripmu yo ming kanggo anakmu, sanadyan pepenginan durung mesti kelakon , nanging isih tetep pepenginan kuwi, terus teko ning ati, ning antaraning sepi wengi, ing antarane ombak segoro kidul sing tetep saben ndino tak rungokke,ning antaraning angin esuk semilir koyo mawar kuning sing tetep tak arep arep kesunyataning ngenteni sliramu koyo koyo njagakke mbulan ing mongso udan, ora nate ketok.
Kamis, 19 April 2012
Langganan:
Postingan (Atom)

















